Rabu, 01 April 2015

Ketawa Ketiwi Dulu Yuk !

Yang sedang berkendaraan roda dua berhati2 ya....

BEGAL MOTOR
(sebuah kisah ........)

Aku Lagi numpak sepeda motor sak klebètan soko koco sepion, kéthok ono sing ngoyak, wong 2 boncèngan, jakét kulit ireng, hèlem'é tropong dadi ora kethok rupané. Sing mboncèng mburi tangané ngawé-awé, ngongkon bèn aku minggir.... Wah.., blai..! Iki mesti bégal ngincer motorku, sak iki 'rak lagi usum, koran2 karo tivi akih mbritakaké",
batinku....
"Motor 'nggo modal nyambut gawé jé, nèk kerampas piyé....??" Gas motorku tak pancal sak banteré, awak nganti ndredheg kemringet. Yo tenané, jujur, aku kuwatir tur wedhi, wong arep dibègal, (batinku nèh).
Tangan sisih tengen nganti loro lé mlintir handel setang, pokoké pol2an. Sarono nggo nggolèk pangan, koq arep dirampok.

..""Taat tiiit..., taaat tiiiitt...!" Nglakson bola-bali bèn sing nèng ngarep dho mingkir.
Ning piyé manèh, honda astrea tuwo 'ki mbok gas'é diplintir sak kemengé, ngenti 'kaing-kaing mbengok, mlayuné sepiro..? Lha sing ngoyak, tak lirik 'ki tumpakané koyo ninja 250 cc.

Berjuang nganti tètès darah terakhir..., aku akhire kesusul..... Yo wis pasrah bongkokan....! Pas njèjèri nèng sisih tengenku, sing mboncèng mburi mbukak koco hèlemé, karo kondho mbengok (bèn aku krungu) kondho,: "Brooo...., kaé lho..., bojo sampéyan kèri nèng pom bensin.....!"

😄😄😄😄

Tidak ada komentar:

Posting Komentar